Pesta Rakyat?
Ana tembung monine
pesta rakyat
Nanging apa bener
rakyate sing padha pesta
Pestane tampa dhuwit
saka calon wakil rakyat
Apa dhuwit semono
cukup kanggo pesta
Kanggo mangan sedina
wae durung mesthi bisa
Sajake sapa ta sing
pesta
Wong ndhuwuran kae
sing pesta
Pesta dhuwit kanggo
tuku swara
Pesta kapicikan kanggo
nggolet bala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar