Senin, 30 Juni 2014

Resensi Buku

1.      Identitas Buku
a.       Judul                           : Sawise Langite Katon Biru
b.      Pengarang                   : Yunani S.W.
c.       Jumlah halaman           : viii + 100 hlm
d.      Penerbit                       : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)
e.       Tahun terbit                 : 2013

2.      Isi buku

Padhange Jagad gawe Petenge Ati

            Mbrabak abang pasemone, nalika Hendratmo weruh kenya ayu ing jero kamar. Atine kaget banget. Bocah wadon ing ngarepe kuwi ayu banget prasasat tanpa cacad. Sanajan Hendratmo jembar pasrawungane karo kanca wadon, nanging weruh Retno atine bisa kepranan banget.
Retno kuwi adhine Endah, wong wadon sing arep dadi bojone Hendratmo. Hendratmo ora ngira yen Retno sing ayu kuwi wis suwe nandhang wuta amarga kacilakan telulas taun kapengker nalika umure isih wolung taun. Sakwise kedadian iku, Retno urip karo eyange putri ing kota Batu. Ing kono uga ana Rama Robertus, pastur gereja sing dadi papan pangesoke panandhang batine sawise dheweke ngancik remaja putri. Jagad kang peteng krasa rada padhang yen Rama Robertus nyedhakake Retno marang Gustine. Pastur Robertus tansah tlaten niliki Retno lan paring piwulang agama.
            Mbakyune wis tau janji yen bakal gawe Retno bisa weruh maneh. Rasa asihe marang Retno karo direwangi nyelengi dhuwit lan nggolet jodho dhokter mata ben bisa ngrewangi dheweke. Usahane Endah ora sia-sia, Endah ketemu karo Hendratmo sing pegaweane dadi dhokter mata lan Hendratmo gelem ngoperasi matane Retno.
Krungu kahanan kang kaya mangkono, pangarep-arepe Retno saya gedhe. Iba senenge yen donya iki katon padhang maneh.
Amarga Retno wis meh dioperasi, Hendratmo dadi sering maring daleme Bu Purwo –eyange putri Retno – sakperlu mriksa kahanane Retno. Nanging, kuwi malah ndadikake thukuling rasa katresnan antarane Hendratmo lan Retno sing kudune ora ana amarga Retno calon adhi ipene.

***
            Retno dioperasi sawise Endah lan Hendratmo mbojo. Mbarang wis bisa melek, donya rasane padhang njingglang ora krasa peteng maneh. Retno nyawang Hendratmo sing sejatine luwih nggantheng tinimbang awang-awange. Retno lan Hendratmo saya cedhak amarga Retno saiki pindah ing Surabaya lan kerep dolan marang nggone mbakyune. Katresnanane Retno lan Hendratmo sing diumpetake saka kaluwargane kabukak nalika wengi-wengi Endah weruh bojone lan adhine lagi wong loroan ing kamar. Endah banget nesune ngerti bojone lan adhine selingkuh ing mburine, akhire banjur wadul karo kaluwargane. Retno sing krasa salah banjur mlayu maring Batu. Sakdurunge maring daleme eyange, Retno maring greja ndhisik. Tekan tengah plataran greja Retno ketemu sawijining biarawati sing mentas metu saka greja. Biyen nalika Retno isih wuta, dheweke kepengin dadi biarawati. Nanging merga cacade iku, dheweke ora bisa aweh darma bekti marang bebrayan kanthi sampurna. Saiki kekarepan kuwi thukul maneh. Retno nduwe kekarepan dadi biarawati kanggo nebus kabeh dosane. Bu Purwo ndhedhes terus, geneya kok Retno kewetu muni yen arep dadi biarawati. Keluwargane ora ana sing setuju yen Retno dadi biarawati, padha ngira yen kekarepane Retno kuwi amarga dheweke lagi ngambeg. Nanging ora ana sing bisa nyandhet kekarepane. Akhire Retno lunga maring sekolah biarawati ing Jogja.


Ing buku “Sawise Langite Katon Biru” ana moral kang bisa kanggo tepa tuladha para maos. Critane uga gampang dimangerteni lan pungkasane ora patia gampang dibedhe. Nanging ing buku iki, penulis kala-kala nganggo tembung-tembung Indonesia lan tembung basane dhewek saengga ora kabeh para maos bisa ngerti bener apa karepe tembung kuwi amarga tegese akeh sing beda lan bisa nyebabake teges luwih saka siji.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar