Tugas Amburadhul
Minggu – minggu ing wulan Mei iki
lagi dianakake ujian. Ana ujian tulis, uga ana ujian sing praktek. Minggu ke
loro ujian wis arep rampung, mung gari 1 mata kuliah sing urung diujikake. Tiba
wanci ujian mata kuliah sing iki. Ujian diwiwiti jam 8 esuk, aku mangkat saka
omah jam setengah 8. Tekan ing kampus isih rada sepi, sing sliwar – sliwer mung
wong pira thok. Aku langsung mlebu kelas, nanging durung ana bocah. Nganti
tekan jam 8 kurang seprapat kanca ku durung ana sing mangkat, aku dadi bingung
iki sajake sida ujian apa ora? Jam 8 pas kancaku nembe mangkat, banjur aweh
wara – wara.
“Kanca
– kanca kabeh, ujian saiki ora ana ujian. Nanging diganti tugas.” Ngandhane
kancaku jenenge Harun.
Aku
banjur takon, “Tugase apa, Run?”
“Tugase
iku nggawe artikel 20 lembar, nanging artikel kuwi ora olih njiplak, kudu saka
pemikirane dhewek.”
“Kuwi
tugas dikumpulake kapan ta?”
“Dikumpulake
minggu ngarep, dikirim liwat e-mail.”
“Oke…
berarti saiki bali? Ora ana ujian iki?”
“Iya,
bali wae.”
Aku banjur mulih, ngertia kaya ngono
mau ora mangkat, sms wae.
Tekan ing omah aku turu maneh amarga
isih rada ngantuk mau tangi gasik jam 5an. Saiki dina senen, tugase berarti
dikumpulake dina senen minggu ngarep, isih ana wektu kanggo nggarap tugas
akhir.
☺
Dina rebo wengi aku labuh nggarap
tugas. Nggoleki referensi saka internet lan saka buku kanggo gawe artikel. ‘iki
kok saya suwe mumet ya. Sirahku dadi ngelu’ Aku nggarap saka jam 9 esuk nganti
tekan jam 7 wengi. 10 jam ngadhep laptop nanging mung nembe olih saklembar, yen
wis nulis dibusek maneh, ngono terus, amarga aku ngrasa rada ora nyambung.
Jam 7 wengi aku mateni laptop banjur
metu omah sedela nggolek segeran. Kebeneran ana bakul bakso liwat. Aku tuku
bakso nanging dibungkus. Sakwise baksone dibungkus aku bali omah mangan bakso
sing mau tak tuku banjur turu amarga aku rasane sayah pisan.
Esuke aku tangi rada awan, jam 10an.
Untung ibuku ora nesu amarga ngerti aku lagi keselen nggarap tugas mbengi. Jam
11 aku adus banjru mangan. Niat arep nglanjutake nggarap tugas nanging urung
ana inspirasi maneh, apa sing bakal tak tulis. Nganti jam 4sore aku mung tura –
turu nonton tv, sangking bingunge. Nganti tekan wengi aku ya durung ana
kepinginan kanggo nggarap tugas maneh.
Jum’ate aku lunga maring
perpustakaan nggolek – nggolek buku mbok menawa nemu sing apik kanggo bahan
tugasku. Aku mangkat marang perpustakaan jam 9 esuk. Ning perpustakaan aku
ketemu kanca sekelasku, jenenge Dewi.
“Dewi,
lagi apa kowe ning kene?” takonku.
“Eh,
Ina. Iki aku lagi nggolek buku kanggo nggarap tugas. Lha kowe?”
“Aku
ya padha. Kowe tugase urung rampung?”
“Urung.
Yen kowe piye?”
“Aku
malah nembe olih selembar. Bingung nulis apa maneh.”
“Ya
wis ya, aku dhisikan. Lagi dienteni kancaku ning ngarep.”
“Oh,
ya. Yen wis rampung sms ya.”
“Ya.
Gampang.”
Sakwise
Dewi mulih, aku uga mulih. Nanging aku ora langsung bali omah. Aku mampir ing
toko dhisik tuku jajan kanggo sangu nggarap tugas mengko bengi.
Aku
tekan omah jam 5 sore. Sakdurunge adus aku nggodhog banyu dhsisik amarga hawane
lagi rada adhem. Bubar adus rasane seger, kanggo nggarap tugas penak utekke.
Aku labuh nggarap tugas maneh jam setengah 7 wengi. Mung wektu 3 jam aku wis
olih 12 lembar. Rada ayem atiku amarga kurang sithik maneh tugase rampung.
Dina setu esuk aku tangi jam 6. Rada
seger utekku. Mumpung dina setu aku mlayu – mlayu ing sekitar komplek karo
nggolek panganan. Aku weruh ana bakul bubur ayam. Aku mandheg banjur tuku bubur
ayam kanggo sarapan. Bubar mangan aku bali omah. Tekan omah sawetara jam 7. Aku
banjur adus amarga awakku kemringet bar mlayu – mlayu mau.
Bubar
adus aku mbuka laptop, ora liya – liya ya nglanjutake nggarap tugas sing sithik
maneh rampung. Aku nggarap tugas awit jam 8 esuk nganti jam 3 sore.
Akhire, tugase rampung. Bungah
atiku, ora mikiri tugas maneh. Aku banjur sms kancaku, Dewi.
To :
Dewi
Subject: In, tugasmu wis rampung durung?
Ora
suwe Ina mbales sms ku.
Dewi :
Wis ki, kowe wis rampung?
Ina :
Aku ya wis, setunan ki, jalan2 yuhh.
Dewi :
Arep mara ndi?
Ina :Ya mall
apa ngendi, refreshing ngono ceritane. Hehee…
Dewi : Oke. Saiki apa?
Ina : Ora. Taun ngarep. Ya siki.
Dewi :Yaiya. Kowe ming gone aku ya. Motor ku lagi digawa adhiku.
Ina : Iya. Jam 5 aku ming omahmu.
Dewi : Siip.
Aku banjur adus, siap – siap marang
omahe Dewi. Aku tekan omahe Dewi jam 5 punjul sithik. Nalika aku tekan ngono,
Dewi wis siap dadine mung gari mangkat thok.
Ing mall aku tuku klambi, sepatu karo tas. Rasane plong tenan tugas
sing gawe mumet akhire rampung. Aku bali omah jam 10 wengi, sakdurunge bali
omah aku ngaterake Dewi dhisik.
Dina minggu aku rada sungkan tangi
gasik, dadi aku tangi jam 9. Untung ibuku lagi ora ning omah dadi ora bakal
ngomeih aku yen aku tangi awan. Dina minggu iki tak entekake kanggo mlaku –
mlaku, dolan marang omahe kancaku lan dolanan outbond ing buper cedhak omahku.
Dina minggu iki bener – bener tak entekake kanggo refreshing bar ujian. Aku wis ora mikiri maneh tugas sing wingi,
mung gari ngirim ngesuk lan rampung kabeh.
☺
Dina senen, iki wayahe ngirim
tugasku. Aku nguripi laptopku, nanging kok ora bisa? Ana apa karo laptop ku?
Tak jajal nganti tak copot batrene tetep ora bisa. Aku bingung ora karuan,
tugasku iki piye ceritane. Akhire aku langsung marang panggonan sing nyervisi
laptop. Cepet – cepet aku mangkat nganti lali aku urung ganti klambi nembe
tangi.
Tekan
ing servisan laptop, aku lali iki dina minggu. Toko – took mesthine padha
tutup. Aduh, mati iki piye tugasku. Aku langsung nelpon kancaku sing pinter
ndandani laptop, nanging apes. Kancaku lagi mriang, dadi ora bisa ndandani
laptopku. Data – data tugase ya lali durung tak simpen ing flashdisk. Aku rasane pingin nangis, tugas sing wis tak garap
nganti kesel malah ora dadi tak kirimake. Mengko bijiku piye yen wayah
pengumuman? Aku lemes, pasrah, akhire ora sida ngumpulake tugas.
☺
Akhire saiki wayahe pengumuman nile.
Aku rada wedi amarga ana mata kuliah siji sing aku ora bisa ngrampungake.
Nanging ora dinyana bijiku ‘A’. Aku kaget campur seneng, uga bingung. Kok bisa
nileku metune “A”. banjur kancaku ngandha yen jere dosene kuwi wis gawe nile
sakdurunge aweh tugas kanggo ujian. Aduh, pancen dosen gawe trataban atiku
thok. Nanging ya ora papa, akeh piwulang sing bisa tak jupuk saka kedadian iki.
•••Rampung ☺•••
Tidak ada komentar:
Posting Komentar