Tresna Tanpa Swara
Sumilir angin ngoyake
rambutku nalika aku lan Pras lagi ana ing pante. Wektu iku lagi dina minggu,
aku dijaki Pras dolan ming pante kanggo ngisi wektu prei. Aku lagi prei amarga
wis lulusan saka SMA lan Pras lagi prei kerja. Aku lan Pras kanca awit cilik,
nanging umure kacek setaun Pras luwih tuwa saka aku. Omahku lan omahe Pras uga
cedhakan. Wong tuwane aku lan Pras ya uga memitran, pokoke aku lan Pras wis
kaya sedulur sing raket banget ngendi – ngendi senenge bareng.
Balik
maneh ana pante, nalika aku lan Pras lagi njagong bareng ing pante ora dinyana
Pras nyekel tanganku banjur ngomong, “Fa, aku tresna karo kowe.”
Deg!
Jantungku rasane kaya mandeg, swara ombak kaya mati lan aku ra bisa ngrasake
gedhene angin. Omongan kang ora dinyana bakal ducapke dening Pras maring aku
akhire metu. Aku rak bisa mangsuli apa – apa, aku mung bisa meneng lan mandeng
matane Pras.
21
“Piye Fa? Aku tenan tresna kowe.” omonge Pras maneh.
“Aku ora ngerti
kudu mangsuli piye Pras, dhewek wis kancanan luwih saka 10 tahun lan wis kaya
sedulur.” aku mangsuli tansah ndledeg ing omongku.
“Iya, aku ngerti
Fa. .nanging rasaku iki wis rak bisa aku umpetke maneh. Aku wis seneng kowe
awit kowe esih SMP. Aku tembe wani ngomong saiki amarga tak rasa iki wis
wayahe. Aku wis ngerti kabeh sifat jaba jeromu Fa, selawase iki mung aku sing
bisa ngerteni kowe.” Pras ngomong maneh tansah ndeleng segara ing ngarepe.
“Pras. .aku uga
ngrasake sing padha kaya awakmu. Aku seneng nalika lagi bareng karo kowe lan
ngrasa tentrem ing sisihmu.” Aku mangsuli kanthi isin – isin.
“Berarti kowe gelem dadi pacarku Fa?”
“Iya Pras, aku gelem.”
Akhire
aku lan Pras dadian, amarga sajake dhewek ya padha – padha seneng.
22
Aku lan Pras saya dina saya raket, apa maneh aku siki luwih sering
ning omah amarga lagi ngenteni pengumuman mlebu kuliah. Saben malam minggu lan
dina minggu mesthi Pras dolan omahku utawa dhewek dolan bareng. Nanging dhewek
bingung gole arep ngomong ming wong tuwane, piye carane ben wong tuwane bisa
ngerteni.
Akhire dina pengumuman teka, lan aku keterima ing salah
siji Universitas Negeri ing Semarang. Jarak saka omahku ming Semarang adoh
banget, saengga aku kudu ngkos. Wong tuwaku ngeloske aku nalika aku kudu ngkos
amarga kuwi wis dadi kewajibanku golek ngilmu, nanging Pras abot alot nalika
ngaterke aku mangkat. Aku ya sajake ra tegel ninggalna Pras, nanging ya piye
maneh. Sakdurunge Pras lan wong tuwaku balik omah, Pras ngawehke nomere kancane
sing padha bae kuliah bareng karo aku.
Jenenge Yana. Yana kancane Pras nalika dheweke esih SMA.
Yana lan Pras rakete wis kaya kakang adhi, dhek biyen nalika esih SMA Yana
sering dolan omahe Pras. Aku ya kenal karo Yana nanging ora seraket kaya Pras
raket karo Yana. Yana
23
wonge
apikan, ora sombong. Dhek biyen uga Yana tau seneng karo aku nanging aku mung
nganggep Yana kaya kakangku dhewek kaya dene Pras.
Wis olih patang sasi anggonku kuliah. Menawa aku butuh
apa – apa aku jaluk tulunge maring Yana. Kedadeyan iku nyebabake aku lan Juli
dadi sering sms-an utawa lunga bareng nalika ana ing Semarang, Pras uga ngerti
kedadeyan iku nanging dheweke kulina wae amarga percaya marang aku lan Yana.
Pras uga wis nitipake aku marang Yana nalika aku ana Semarang.
Saya dina aku lan Yana saya raket. Mangkat mulih kampung
seringe bareng numpak motor, iku nyebabake aku luwih raket maneh karo Yana.
Yana ora ngerti yen aku siki pacaran karo Pras. Selot suwe aku mule seneng karo
Yana amarga watake kang apikan, Yana uga seneng karo aku, nanging rak tau
ngomong langsung ning ngarepku. Aku mung ngematke saka watake lan piye polahe
nalika lagi karo aku. Bener jere paribasan Jawa yen “Witing tresna jalaran saka kulina”. Selot bareng karo Yana aku saya
seneng, malah uga tresna, aku ra
24
wani
ngomong karo dhekne amarga Yana kancanan karo Pras. Nanging rasaku ming Pras ya
ora owah. Pras nggateke aku tenanan ing saben dinane, ora tau keliwat sedina
mesthi telponan.
Nalika aku lan Yana lagi ana ing taman lagi bar mlaku –
mlaku ing wayah sore, Yana ngomong.
“Fa, aku pingin
ngandha mbi kowe.”
“Iya Yan, kari
omong wae.”
“Aku lagi seneng
karo cah wedok, nanging aku bingung piye ngomonge. Kowe ngerti ra piye carane
ben aku rak grogi ngomonge?”
Atiku krasa lara krungu omongane Yana. “Sapa sing lagi
ditresnani Yana kuwi?” atiku, nanging aku usaha ketok kulina wae ing ngarepe
Yana.
“Wah, sapa ta Yan
kang lagi kowe tresnani kuwi? Aku kenal wonge ra? Mbok menawa aku kenal mengko
aku bisa mbantu.” senajan omongan ku mau gawe lara atiku dhewek.
“Kowe ngerti
wonge kok Fa, malah luwih ngerti tinimbang aku.”
25
Atiku saya lara nalika Yana ngandha kaya ngono. Aku mung
meneng, ora mangsuli maneh omongane Yana.
“Fa..aku seneng
kowe…” kandhane Yana nanging karo tumungkul ora wani mandeng awak ku.
Deg – degan ku saya banter krungu omongane Yana, aku
bingung kudu mangsuli piye. Kringet adem ra krasa netes ing bathuk ku. Tangan
lan sikil ku ya uga melu adem. Aku mung meneng, Yana uga ora njaluk aku kon
mangsuli omongane. Nanging Yana ya krasa yen aku uga seneng dheweke.
Bar ngomong iku Yana ngajak aku bali lan aku diterke ming
kos amarga wayahe wis manjing rada wengi. Tekan ing kos aku mung meneng –
menengan mbi Yana ora ana sing wani ngomong dhisit. Pas arep bali Yana mung
nyengir karo aku labas bali numpak motore.
Wengine aku ra
bisa turu, merem ya angel. Kemutan bae perkara mau sore ing taman.
Swarane
band Lyla keprungu saka hp-ku, tandhane ana sing sms. Yana. Tulisan iku
kepampang ing layar hp-ku.
26
“Fa..aku njaluk ngapurane kanggo omongan ku sing mau. Nanging
piye maneh, aku tenanan tresna kowe Fa. Aku tresna nalika pisan ketemu karo
kowe pas lagi SMA.”
Atiku
saya ra karuan maca smse Yana. Ora tak bales, aku bingung mbalese piye. Nanging
aku uga ya seneng karo Yana.
Pungkase
aku ra tau ngomong nek aku seneng karo Yana, nanging Yana mesthi ngerti nek aku
seneng karo dheweke. Saka polah ku wis tumandha yen aku uga seneng karo Yana.
Saben dina saiki seringe bareng, nganti preian semester siji wis kawiwitan aku
karo Yana wis ora tau mbahas perkara penggalihan.
Nalika preian semester siji, aku lan Yana mulih kampung.
Kita numpak motor saka Semarang nganti tekan omah. Sakwise tekan omah Yana
ngajaki dolan omahe Pras, asale aku ra gelem nanging Pras sms aku kon mampir
omahe karo Yana. Pas wis tekan omahe Pras aku rada deg – degan, maras mbok
menawa mengko salah siji ana sing ngomong babagan tresnane karo aku. Aku ora
ngomong karo Pras yen Yana seneng karo aku, aku uga ora ngomong karo Yana yen
27
saiki
aku pacare Pras. Pas lagi kandhahan ing omahe Pras, aku mung meneng ora wani
ngomong apa – apa. Akhire aku luwih milih bali omahe dhewek tinimbang aku
ngrasa ra kepenak dhewek.
Sesuke Yana ngandha yen dhekne lagi ning omahe Pras,
wektu kuwi aku lagi smsan karo Pras. Akhire Yana ngerti yen aku siki pacaran
karo Pras amarga Yana maca smse aku nggo Pras lan uga sakwalike. Yana nesu karo
aku, dheweke ngrasa digorohi dening aku. Aku bingung mesthi ngandha apa maneh
amarga kabeh wis kebanjur. Aku emoh kelangan Yana, aku uga wedi kelangan Pras.
Nanging wong loro kuwi mau kancanan, aku luwih emoh yen wong loro dadi mungsuh.
Akhire aku mutusna Pras amarga atiku luwih abot ming
Yana. Yana ngerti perkara kuwi lan dheweke tambah nesu karo aku. Aku bingung
mesthi piye maneh, banjure aku malah kelangan lorone. Aku pingine mung karo Yana.
Mung Yana kang ana ing atiku.
Let pirang dina Yana sms aku maneh. Dheweke ngomong yen
sejatine ora ora bisa nesu karo aku. Senajan ngerti
28
wingi aku wis nggoroih awake nanging Yana nesune mung
sedela, amarga tresnane karo aku.
Pungkase aku dadian karo Yana. Pras ngerti lan dheweke
banget nesune.
Pras ora trima aku dadian karo Yana, dheweke ngrasa
digoroih lan dikhianati dening aku karo Yana. Bali saka omahku Pras le numpak
motor ngebut, lan kang ora dinyana Pras tabrakan karo mobil nalika lagi nyalip
ing ngarepe. Aku karo Yana geger ngerti Pras kecelakaan. Pras langsung digawa
rumah sakit, nanging cilaka..nyawane wis ora ketulungan maneh. Aku nangis
jejeritan ing rumah sakit. Yana lan wong tuane Pras nenangake aku nanging aku
malah kebanjur pingsan. Ora percaya karo kedadean kuwi mau. Aku ngrasa salah.
Salah banget.
Esuke jisine Pras dikuburake. Senajan ora kuat nanging
aku kudu melu ming pesarean, ngeter Pras kanggo pungkasane.
Nalika wis rampung, aku karo Yana bali keri. Ing ndhuwur
pusarane Pras Yana ngandha karo rada mrebes mili “Pras..kowe kanca kenthelku,
wis kaya adhiku. Aku kelangan kowe. Aku jaluk ngapurane nek aku wis nglarani
kowe. Aku
29
janji
aku bakal njaga Fafa nggo kowe Pras. Aku ra bakal nglalekake kowe.”
Aku lan Yana mulih omah. Atiku abot banget ninggalake
sesareane Pras. Pras iku loma banget karo aku, ngerteni aku banget. Siki aku
kelangan kowe Pras..aku janji aku ra bakal nglalekake kowe. Kowe berarti banget
ing uripku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar