Senin, 30 Juni 2014

cerkak

Tresna Tanpa Swara
Sumilir angin ngoyake rambutku nalika aku lan Pras lagi ana ing pante. Wektu iku lagi dina minggu, aku dijaki Pras dolan ming pante kanggo ngisi wektu prei. Aku lagi prei amarga wis lulusan saka SMA lan Pras lagi prei kerja. Aku lan Pras kanca awit cilik, nanging umure kacek setaun Pras luwih tuwa saka aku. Omahku lan omahe Pras uga cedhakan. Wong tuwane aku lan Pras ya uga memitran, pokoke aku lan Pras wis kaya sedulur sing raket banget ngendi – ngendi senenge bareng.
Balik maneh ana pante, nalika aku lan Pras lagi njagong bareng ing pante ora dinyana Pras nyekel tanganku banjur ngomong, “Fa, aku tresna karo kowe.”
Deg! Jantungku rasane kaya mandeg, swara ombak kaya mati lan aku ra bisa ngrasake gedhene angin. Omongan kang ora dinyana bakal ducapke dening Pras maring aku akhire metu. Aku rak bisa mangsuli apa – apa, aku mung bisa meneng lan mandeng matane Pras.
  

21
“Piye Fa? Aku tenan tresna kowe.” omonge Pras maneh.
   “Aku ora ngerti kudu mangsuli piye Pras, dhewek wis kancanan luwih saka 10 tahun lan wis kaya sedulur.” aku mangsuli tansah ndledeg ing omongku.
   “Iya, aku ngerti Fa. .nanging rasaku iki wis rak bisa aku umpetke maneh. Aku wis seneng kowe awit kowe esih SMP. Aku tembe wani ngomong saiki amarga tak rasa iki wis wayahe. Aku wis ngerti kabeh sifat jaba jeromu Fa, selawase iki mung aku sing bisa ngerteni kowe.” Pras ngomong maneh tansah ndeleng segara ing ngarepe.
   “Pras. .aku uga ngrasake sing padha kaya awakmu. Aku seneng nalika lagi bareng karo kowe lan ngrasa tentrem ing sisihmu.” Aku mangsuli kanthi isin – isin.
   “Berarti kowe gelem dadi pacarku Fa?”
   “Iya Pras, aku gelem.”
Akhire aku lan Pras dadian, amarga sajake dhewek ya padha – padha seneng.


22
Aku lan Pras saya dina saya raket, apa maneh aku siki luwih sering ning omah amarga lagi ngenteni pengumuman mlebu kuliah. Saben malam minggu lan dina minggu mesthi Pras dolan omahku utawa dhewek dolan bareng. Nanging dhewek bingung gole arep ngomong ming wong tuwane, piye carane ben wong tuwane bisa ngerteni.
Akhire dina pengumuman teka, lan aku keterima ing salah siji Universitas Negeri ing Semarang. Jarak saka omahku ming Semarang adoh banget, saengga aku kudu ngkos. Wong tuwaku ngeloske aku nalika aku kudu ngkos amarga kuwi wis dadi kewajibanku golek ngilmu, nanging Pras abot alot nalika ngaterke aku mangkat. Aku ya sajake ra tegel ninggalna Pras, nanging ya piye maneh. Sakdurunge Pras lan wong tuwaku balik omah, Pras ngawehke nomere kancane sing padha bae kuliah bareng karo aku.
Jenenge Yana. Yana kancane Pras nalika dheweke esih SMA. Yana lan Pras rakete wis kaya kakang adhi, dhek biyen nalika esih SMA Yana sering dolan omahe Pras. Aku ya kenal karo Yana nanging ora seraket kaya Pras raket karo Yana. Yana

23
wonge apikan, ora sombong. Dhek biyen uga Yana tau seneng karo aku nanging aku mung nganggep Yana kaya kakangku dhewek kaya dene Pras.
  
Wis olih patang sasi anggonku kuliah. Menawa aku butuh apa – apa aku jaluk tulunge maring Yana. Kedadeyan iku nyebabake aku lan Juli dadi sering sms-an utawa lunga bareng nalika ana ing Semarang, Pras uga ngerti kedadeyan iku nanging dheweke kulina wae amarga percaya marang aku lan Yana. Pras uga wis nitipake aku marang Yana nalika aku ana Semarang.
Saya dina aku lan Yana saya raket. Mangkat mulih kampung seringe bareng numpak motor, iku nyebabake aku luwih raket maneh karo Yana. Yana ora ngerti yen aku siki pacaran karo Pras. Selot suwe aku mule seneng karo Yana amarga watake kang apikan, Yana uga seneng karo aku, nanging rak tau ngomong langsung ning ngarepku. Aku mung ngematke saka watake lan piye polahe nalika lagi karo aku. Bener jere paribasan Jawa yen “Witing tresna jalaran saka kulina”. Selot bareng karo Yana aku saya seneng, malah uga tresna, aku ra

24
wani ngomong karo dhekne amarga Yana kancanan karo Pras. Nanging rasaku ming Pras ya ora owah. Pras nggateke aku tenanan ing saben dinane, ora tau keliwat sedina mesthi telponan.

Nalika aku lan Yana lagi ana ing taman lagi bar mlaku – mlaku ing wayah sore, Yana ngomong.
   “Fa, aku pingin ngandha mbi kowe.”
   “Iya Yan, kari omong wae.”
   “Aku lagi seneng karo cah wedok, nanging aku bingung piye ngomonge. Kowe ngerti ra piye carane ben aku rak grogi  ngomonge?”
Atiku krasa lara krungu omongane Yana. “Sapa sing lagi ditresnani Yana kuwi?” atiku, nanging aku usaha ketok kulina wae ing ngarepe Yana.
   “Wah, sapa ta Yan kang lagi kowe tresnani kuwi? Aku kenal wonge ra? Mbok menawa aku kenal mengko aku bisa mbantu.” senajan omongan ku mau gawe lara atiku dhewek.
   “Kowe ngerti wonge kok Fa, malah luwih ngerti tinimbang aku.”
25
Atiku saya lara nalika Yana ngandha kaya ngono. Aku mung meneng, ora mangsuli maneh omongane Yana.
   “Fa..aku seneng kowe…” kandhane Yana nanging karo tumungkul ora wani mandeng awak ku.
Deg – degan ku saya banter krungu omongane Yana, aku bingung kudu mangsuli piye. Kringet adem ra krasa netes ing bathuk ku. Tangan lan sikil ku ya uga melu adem. Aku mung meneng, Yana uga ora njaluk aku kon mangsuli omongane. Nanging Yana ya krasa yen aku uga seneng dheweke.
Bar ngomong iku Yana ngajak aku bali lan aku diterke ming kos amarga wayahe wis manjing rada wengi. Tekan ing kos aku mung meneng – menengan mbi Yana ora ana sing wani ngomong dhisit. Pas arep bali Yana mung nyengir karo aku labas bali numpak motore.
   Wengine aku ra bisa turu, merem ya angel. Kemutan bae perkara mau sore ing taman.
Swarane band Lyla keprungu saka hp-ku, tandhane ana sing sms. Yana. Tulisan iku kepampang ing layar hp-ku.



26
“Fa..aku njaluk ngapurane kanggo omongan ku sing mau. Nanging piye maneh, aku tenanan tresna kowe Fa. Aku tresna nalika pisan ketemu karo kowe pas lagi SMA.”

Atiku saya ra karuan maca smse Yana. Ora tak bales, aku bingung mbalese piye. Nanging aku uga ya seneng karo Yana.
Pungkase aku ra tau ngomong nek aku seneng karo Yana, nanging Yana mesthi ngerti nek aku seneng karo dheweke. Saka polah ku wis tumandha yen aku uga seneng karo Yana. Saben dina saiki seringe bareng, nganti preian semester siji wis kawiwitan aku karo Yana wis ora tau mbahas perkara penggalihan.
Nalika preian semester siji, aku lan Yana mulih kampung. Kita numpak motor saka Semarang nganti tekan omah. Sakwise tekan omah Yana ngajaki dolan omahe Pras, asale aku ra gelem nanging Pras sms aku kon mampir omahe karo Yana. Pas wis tekan omahe Pras aku rada deg – degan, maras mbok menawa mengko salah siji ana sing ngomong babagan tresnane karo aku. Aku ora ngomong karo Pras yen Yana seneng karo aku, aku uga ora ngomong karo Yana yen

27
saiki aku pacare Pras. Pas lagi kandhahan ing omahe Pras, aku mung meneng ora wani ngomong apa – apa. Akhire aku luwih milih bali omahe dhewek tinimbang aku ngrasa ra kepenak dhewek.
Sesuke Yana ngandha yen dhekne lagi ning omahe Pras, wektu kuwi aku lagi smsan karo Pras. Akhire Yana ngerti yen aku siki pacaran karo Pras amarga Yana maca smse aku nggo Pras lan uga sakwalike. Yana nesu karo aku, dheweke ngrasa digorohi dening aku. Aku bingung mesthi ngandha apa maneh amarga kabeh wis kebanjur. Aku emoh kelangan Yana, aku uga wedi kelangan Pras. Nanging wong loro kuwi mau kancanan, aku luwih emoh yen wong loro dadi mungsuh.
Akhire aku mutusna Pras amarga atiku luwih abot ming Yana. Yana ngerti perkara kuwi lan dheweke tambah nesu karo aku. Aku bingung mesthi piye maneh, banjure aku malah kelangan lorone. Aku pingine mung karo Yana. Mung Yana kang ana ing atiku.

Let pirang dina Yana sms aku maneh. Dheweke ngomong yen sejatine ora ora bisa nesu karo aku. Senajan ngerti

28
wingi aku wis nggoroih awake nanging Yana nesune mung sedela, amarga tresnane karo aku.
Pungkase aku dadian karo Yana. Pras ngerti lan dheweke banget nesune.
Pras ora trima aku dadian karo Yana, dheweke ngrasa digoroih lan dikhianati dening aku karo Yana. Bali saka omahku Pras le numpak motor ngebut, lan kang ora dinyana Pras tabrakan karo mobil nalika lagi nyalip ing ngarepe. Aku karo Yana geger ngerti Pras kecelakaan. Pras langsung digawa rumah sakit, nanging cilaka..nyawane wis ora ketulungan maneh. Aku nangis jejeritan ing rumah sakit. Yana lan wong tuane Pras nenangake aku nanging aku malah kebanjur pingsan. Ora percaya karo kedadean kuwi mau. Aku ngrasa salah. Salah banget.
Esuke jisine Pras dikuburake. Senajan ora kuat nanging aku kudu melu ming pesarean, ngeter Pras kanggo pungkasane.
Nalika wis rampung, aku karo Yana bali keri. Ing ndhuwur pusarane Pras Yana ngandha karo rada mrebes mili “Pras..kowe kanca kenthelku, wis kaya adhiku. Aku kelangan kowe. Aku jaluk ngapurane nek aku wis nglarani kowe. Aku

29
janji aku bakal njaga Fafa nggo kowe Pras. Aku ra bakal nglalekake kowe.”

Aku lan Yana mulih omah. Atiku abot banget ninggalake sesareane Pras. Pras iku loma banget karo aku, ngerteni aku banget. Siki aku kelangan kowe Pras..aku janji aku ra bakal nglalekake kowe. Kowe berarti banget ing uripku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar