Sabtu, 05 Juli 2014

PALUNING ADIYAKSA



       PALUNING ADIYAKSA
Sakepel sisih kandele brengosmu
Netra sereng sajak kebak ing wibawa
Jubah ireng ing sarira
Kabeh ucapmu ditunggu kawula
Lakune ukum ana ing astamu
Jejeging adil kanggo negaramu
Nanging.....
Kabeh padha gawok penggalihe
Kabeh padha kuciwa atine
Nyatane putusaning adil ora gawe ati lega
Tatanan dadi muspra
Jejeging adil amung tiba ing samudana
Kawula malah tiba sengsara
Apa ora wedi bendune kang Maha Kuwasa

KATRESNAN SUCI



KATRESNAN SUCI
Esemu kang tansah ngujiwat
Legayeanmu kang merak ati
Solah bawamu tansah gawe lenaning ati
Sinaring netramu tansah nggubet ati
Obahing lathimu pindha tetembangan nggawa rasa
Dak enteni tekamu wong bagus
Dadiya gempalaning uripku
Dadiya mustikaning atiku
Dak sandhing linambaran katresnan  suci
Dak jaga kanthi sayekti
Murih lestari
Murih tansah keket jroning ati
Nganti pungkasaning urip iki

ATI SUWUNG



ATI SUWUNG

Wanci ratri
Wanci sepining ati
Mega mendhung padha kekuwung
Tumlawung suwung
Urip tanpa Gondhelan
Godhong kayu wis ora bisa ngguyu
Banyu wis ilang rasane
Lemah sajak  padha wegah
Nyawang kahanan kang sansaya bubrah
Manuk ocehan ora pamer swarane
Gegayuhan ilang pengarep-arepe
Kabeh ilang musna tanpa karana
Swasana endah dadi rusak
Ilang edi, ilang peni
Kang keri amung tangising ati
Nyuntak rasa nalangsa Ngarsane Gusti
Muga isih ana welas kang tumiba

Kangen..



             Kangen

Tak sawang indahing esemu
Kang gumantung ing angen-angenku
Nalika semiliring bayu
Kang nimbus pori-pori kulitku
Kekes…..
Tak sawang indahing netramu
Kang bening kaya banyu ing telaga
Adhem jroning kalbu
Nambah rasa kepang atiku
Kangen…
Ing wengi iki
Tak kirim kabar lewat cahyaning purnama
Kanggo ngudari rasa kangen
Kang suwe kapendhem
Merga kahanan kang ngalangi
Aku ora bisa ngudari
Ah…
Kapan aku bisa……..???

KUKUS



KUKUS

Dak sawang ulenge kukus marang mega
Mabur bareng angen-angenku
Ngambara liwat ndhuwuring mustaka
Nuntun gagasan kang tumlawung
Nadyan tanpa tujuan
Nadyan tanpa pangarep-arep kang mesthi
Ati iki isih ana pletiking asmara
Ati iki isih ana tetesing tresna
Kang sumimpen rapi ing tengahing kalbu
Dak gadhang isih ana gempalaning tresna
Kanggo tamba gorehing ati kang nandhang papa