Juurrr.....
Ajure ajur……..
Donya iki wis ancur
Sanak sedulur ora padha akur
Tumindake manungsa saya ngawur
Apa maneh yen wis kadhung makmur
Ora ana sing ngucap syukur
Ajure ajur ……
Apa pancen tenan
Jaman iki wis edan
Wong-wong kang numpak sedan
Lelakune kaya setan
Kok jaman iki saya mundur
Ora ana sopan santun ing pitutur
Wejangane wongtuwa langsung mabur
Tidak ada komentar:
Posting Komentar