LEMAH BENGKAH
Mangsa udan wis adoh parane
Mangsa ketiga sajake rada dawa
Tetanduran tansah nangis saben wektu
Lemah garing ing ngendi-endi
Garinge lemah pindha garinge ati
Ora beda karo garinge panguripan iki
Tanpa gondhelan, tanpa cekelan
Samun, sepi nambahi kekesing ati cilik
Mung bisa ndonga lan pasrah
Ngenteni tetesing bun wayah esuk
Ngenteni Sinare surya
Muga-muga
bisa aweh pepadhang
Marang kang tumitah ing ndhuwuring bumi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar