Sabtu, 05 Juli 2014

Kadadeyan Edan



                              Kadadeyan Edan

    Jenengku Ratih Larasati, nanging kanca-kanca padha ngundang aku Unyit . aku sekolah ana ing SMK pariwisata ing Semarang . aku nduwe pacar jenenge adit .
    Wis sakminggu pacarku ora sms , apa maneh dolan marang umahku , iki ndadekake aku mangkel , akhire aku kang sms ndisik nakokake menapa dheweke ora ngabari aku . nanging di wales singkat banget yaiku jare lagi sibuk les , ya aku ngerti saiki dheweke kelas telu nanging masa ora bisa aweh kabar sakdelat wae , lahh.. sms ki paling pirang menit si ngetike aku nggrundel dhewe.
         Aku dadi was-was menawa dheweke nduwe pacar maneh , atiku ora karuan .Pas  aku cerita marang kanca-kanca ku ora ana sing aweh tanggapan apik , malah padha ngompor-ngompori aku menawa pacarku nduwe pacar  maneh . aku nyampe neteske elu amarga ulahe kancaku.apa maneh ana kancaku kang ngomong menawa awit sakminggu kapungkur  weruh adit karo bocah wadon liya, boncengan lan maem bareng terus  . nanging aku urung percaya amarga aku urung weruh dhewe.
   Dina minggu iki , aku ngajak kancaku jalan-jalan kanggo ngilangke penatku , eh pas ning dalan aku weruh pacarku boncengan karo bocah wadon liya , atiku les-lesan . nanging tetep tak jaga . aku mbuntuti dheweke , moro-moro pacarku mandeg lan mudhun ing bakul  es , aku langsung mudhun lan nggebrag meja kang di lungguhi pacarku .
apa iki maksute ? swaraku lantang lan bringas.
Tak jelaske sek nduk ? jawabe .
Ora ..ora kapingin ngerti maneh .aku mlayu marang tower kang cedhak lan manjat , ora mikirake apa-apa aku manjat terus barang madhep ngisor jebule aku wis duwur banget wis cukup sakmene aku emoh urip maneh , aku nangis saksenggrukan … pacarku melu manjat nglirihi aku kon mudhun .
Tak jelasake ndisik … kowe iki aja grusa-grusu nyimpulke iki .
Puas kowe mas ..nggawe aku lara …huhu
Mudhun sek , domongke apik-apik ,aku tiba nanging krasa empuk jebule aku tibane ana ing kasur pas, pacarku tiba ing jejerku nanging ora pas ing kasur dheweke mringis kelaranen ,
 ngapa kowe mas mringis-mringis ? takonku
kowe iki enak tibane pas nggon kasur , hla aku ? jawabe
Nduk , iki adhiku kang sekolah ing jogja sing pernah dakceritakake ,dheweke  melu simbah  mergane ora tau kethok.
Nina ? jawabku karo nyerbeti elu kang eseh wae netes ing pipiu.
iyya nina ..Nina mlaku marang aku lan ngenalake dheweke iku sapa . aku ngguyu isin .kemutan apa sing daklakoni .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar