Sabtu, 05 Juli 2014

Bahan Ajar Micara Pengalaman Pribadi



Micara Pengalaman pribadi
Kompetensi Dasar
Bercerita Pengalaman dalam ragam kromo
Materi
Gladhen crita kang paling gampang yaiku kawiwitan crita pengalaman kang dilakoni dhewe , nanging anggone bakal crita pengalaman ing sangarepe wong akeh panic ora gampang Gampang, yen anggone nyritakake dadakan (spontan ) ,dene bakal krasa  angel  nalika ora ana rasa kendel saka njero ati.
Anggone macakake crita kudu nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki :
1. Kedal pangucap kang trep
2. Intonasi kang trep
3. Ekspresi praupan (wajah ) kang kudu pas karo swasana surasane crita
4. Pamilihe tembung kang pas karo intonasi.
5. Runtut lan ora ngambra-ngambra
6. Gaya crita kang trep, nalika crita uga ngajak kang ngrungokake melu ing swasana iku.
7. Ngobahake  perangan awak kang gawe nengsemake.
             Crita kang bisa gawe seneng iku crita kang lucu, miturut ngendhikane para pujangga sastra, crita lucu iku yen surasane nyeritakake samubarang kang ora lumrah , tuladhane nyritakake wong bingung, wong nglindur lan sapanunggalane.Saliyane iku crita bisa dianggep lucu yen nyeritakake babagan kadadeyan kang spontan tuladhane kepleet neng peceran.
Tuladha :
            Sepatu kuwalik
            Nalika iku, aku isih kelas siji SMP.Ing SMP-ku , murid kelas siji wajib melu kegiyatan Pramuka.Wektu iku, Pramuka ing sekolahku nganakake kagiyatan kemah .Ing acara –acara isuk , awan ,lan sore kabeh nyenengake.
            Nanging ing acara bengi gawe kabeh pesertane nelangsa.Wektu iku watara jam siji bengi , peserta  lagi enak-enak turu digugah kanthi cara kang ora becik.Kabeh dikongkon kumpul ing lapangan nganggo seragam lengkap nanging kahanane peteng amarga lampune sengaja dipateni  panitiane.Aku sing kesusu-susu nganggo seragam, tanpa sadhar anggonku nganggo sepatu kuwalik.
            Sawise aku melu kumpul ing lapangan,kabeh panitia padha ngguyu cekikikan ing mburiku.Aku bingung nanging ora rumangsa apa-apa.Banjur ana mbak sing marani aku lan nyenteri sepatuku.Dheweke takon “apa ora krasa lo dhik , sepatumu kuwalik”, aku ora nyauri apa-apa.Raiku abang ireng amarga rumangsa isin .rasane aku kudu nangis nanging uga kudu ngguyu .
            Apa tumon ? Kumpul nganggo sepatu kuwalik nanging ora krasa.
Gladhen
1. eling-elingen sawijining pengalaman pengalaman kang tau koklakoni !yen wis kelingan banjur gawea cengkorongan kanggo bakal crita !temtoake allure !
2. Cengkorongan mau banjur gawenen dadi crita
3. Critakna pengalaman mau ing ngarep kelas banjur kanca liyane aweh pambiji adhedhasar kedaling pangucap , intonasi , gaya crita , ekspresi /penjiwaan , lan alur.
Tugas  Mandiri
 Gaweya crita pengalaman kang paling nengsemake banjur critaa ing sangarepe kancamu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar