KANCIL NYOLONG TIMUN
Ing sawijining dina ing desa Dadapan, urip keluwarga mbok Randa
Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh taun
kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun. Mbok Randa Dadapan supaya ora
kesepian pengin anake Menur cepet-cepet ndang dadi manten wae. Kebeneran ana
pemuda desa sing jenenge Tole Lanang pengin ndadekake Menur dadi bojone.
Kamangka iku mbok Randa Dadapan wis siap-siap arep nganakake pesta kawin kanggo
anake Menur
Bojone mbok Randa Dadapan seda kanthi menehi warisan sawah rong
hektar. Kanthi bantuwan wong-wong sak desane, sawahe mbok Randa mau ditanemi
pari lan palawija kayata kacang lanjaran, kacang dele, waluh, timun, lan
semangka. Amarga lemah ing desa Dadapan iku subur-subur, kabeh tanemane mbok
Randa mau ya subur-subur lan werna-werni ndemenake. Ana sing wernane abang,
putih, kuning, ijo lan ungu
Neng rerembukan alas cedake Desa Dadapan urip sakwijining kewan
cilik sing terkenal akeh akale. Wujud kewane kaya wedus utawa kidang, ning
cilik, pada wae gedhene karo anakan wedus utawa anakan kidang. Jenenge kewan
kuwi si Kancil. Kancil wis suwe idune ngiler ndelok kasil sawahe mbok Randa sing
subur makmur, utamane timun sing seger lan semangka sing legi-legi seger.
Pokoke si Kancil mikir, cepet utawa suwi aku kudu nyolong timun lan semangkane
mbok Randa. Tapi dhasar pikirane Kancil sing pinter, deweke ora pengin mung
mangan timun tanpa oleh sing liyane. Apa kuwi sing liyane ?
Jebul wis suwe si Kancil pengin dadi mantune mbok Randa lan ngawini
anake mbok Randa sing dadi kembange desa Dadapan, yakuwi si Menur. Tanpa sadar,
si Kancil wis suwe neroake apa wae sing biasane dilakoni karo Tole Lanang calon
bojone Menur. Tapi amarga wetenge luwe, si Kancil pengin ndang cepet wae mangan
timun neng kebone mbok Randa. Mangka kuwi esuk-esuk jam pitu, si Kancil wis
labuh nyolong timun neng kebone mbok Randa. Lagi enak-enak mangan timun lan
cangkeme kebak timun, si Kancil dicekel mbok Randa direwangi karo akeh wong
lanang neng desa Dadapan. Kancil banjur dikerangkeng nganggo kurungan pitik lan
dijaga karo si Bruno, asune mbok Randa.
Dasar Bruno kuwi asu preman, si Kancil sedela-sedela diwedeni nek
arep dibeleh lan dianggo pesta wektu mantene si Menur lan Tole Lanang. “Wah
celaka, penginku kawin karo Menur kok malah aku diwedeni terus karo si Bruno”,
pikire si Kancil. Kamangka kuwi, ing sakwijining dina si Kancil nyeluk si
Bruno, “No..No..mrenea dhisik No, aku ana kabar penting iki”, si Kancil nyeluk
si Bruno. “Kabar penting apa ?”, pitakone si Bruno. “Ngene No, aku iki dicekel
mbok Randa amarga aku arep didadekake manten karo Menur anake mbok Randa
Dadapan, soale mbok Randa sak jane ora seneng si Menur bakal dilamar Tole
Lanang. Senenge mbok Randa ya Menur didadekake manten karo aku, si Kancil sing
paling cerdas sak ndonya iki No. Ngerti kowe ra, asu goblok ?”
Pancen Bruno asu iku pikirane cupet. Ning keasuan Bruno tersinggung
disebut asu goblok karo si Kancil, kamangka kuwi Bruno nyoba ngrayu si Kancil,
“Cil..cil, aku pengin lho dadi mantune mbok Randa Dadapan lan dadi manten karo
Menur sing ayune uleng-ulengan kuwi. Wis
aku wae sing dikurung neng kono. Mengko kowe tak wenehi satus wiji timun lan
panganen sak waregmu, asal kowe gelem tak genteni”. “We…enak wae, aku wis meh
dadi mantune mbok Randa lan dadi bojone Menur kok mbok genteni. Ngene wae, wis
timun lan satus benggol duwit Landa ngge aku. Gelem ora ?, pitakone si Kancil
marang Bruno. “Yo wis
man, deal yo…?”, Bruno jungkir walik sak senenge.
Akhire Bruno mlebu kurungan pitik, lan si Kancil isa ngirup udara
bebas.
Analisis Frasa
1.
Berdasarkan Distribusi
a.
Frasa Eksosentrik:
-
ing desa Dadapan
-
neng rerembukan alas cedake
Desa Dadapan
-
neng kebone
b.
Frasa Endosentrik
·
Frasa Endosentrik Koordinatif:
-
Mbok Randa Dadapan karo anake
wadon
-
pari lan palawija
-
anakan wedus utawa anakan
kidang
-
subur makmur
-
timun sing seger lan semangka
sing legi
-
cepet utawa suwi
-
timun lan semangkane
-
dadi mantune mbok Randal an
ngawini anake mbok Randa
·
Frasa Endosentrik Apositif:
-
biasane dilakoni karo Tole
lanang, calon bojone Menur
-
karo si Bruno, asune mbok Randa
2.
Berdasarkan Kategori
a.
Frasa Nominal
-
sing jenenge
-
desa Dadapan iku
-
sing terkenal
-
si Kancil
-
si Bruno
-
Bruno kuwi
-
si Menur
-
Bruno asu iku
-
sing dikurung
b.
Frasa Verbal
-
arep nganakake
-
kudu nyolong
-
mung mangan
-
wis labuh
-
arep dibeleh
-
Kancil nyeluk
-
pitakone si Bruno
-
nyoba ngrayu
-
jungkir walik
-
lagi enak-enak mangan
c.
Frasa Adjektival
-
padha wae gedhene
-
sing pinter
-
ora seneng
-
paling cerdas
-
asu goblok
-
ayune uleng-ulengan
-
kewan cilik
-
kabar penting
-
pikirane cupet
d.
Frasa Adverbial
-
wis suwe
-
esuk-esuk jam pitu
e.
Frasa Numeralia
-
rong hektar
-
akeh wong
-
jam pitu
3.
Berdasarkan Struktur
a.
Kata dengan kata
-
pemuda desa
-
kewan kuwi
-
pesta kawin
-
kurungan pitik
-
wiji timun
-
benggol duwit
b.
Kata dengan frasa
-
cepet-cepet
-
siap-siap
-
subur-subur
-
werna-werni
-
legi-legi
-
esuk-esuk
-
enak-enak
-
sedela-dela
-
uleng-ulengan
-
lemah desa Dadapan iku
-
jebul wis suwe
c.
Frasa dengan kata
-
ndang cepet wae
d.
Frasa dengan frasa
-
jungkir walik sak senenge
-
wis labuh nyolong timun
-
Bruno asu iku pikirane cupet
4.
Berdasarkan Perentangan
a.
Ke kiri
-
ora pengin mung mangan timun
-
bojone wis mati
b.
Ke kanan
-
jenenge kewan kuwi si Kancil
-
si Kancil pengin dadi mantune
Tidak ada komentar:
Posting Komentar